1. Pepatah Jawa Paribasan
Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar (kiasan) lan ora ngemu surasa pepindhan (terjemahan; Paribasan (Jawa) yaitu kata-kata (dalam bahasan Jawa) yang tetap dalam penggunaannya, yang memiliki makna (kiasan) dan tidak mengandung makna pengandaian (bermakna konotatif)).
Tuladha Paribasan (Peribahasa Jawa) lan tegese:
- "Adigang adigung adiguna", tegese ngendel-endelake kekuwatane, kaluhurane, lan kapintarane. (artinya; mengandalkan (menyombongkan) kekuatannya, kekuasaannya, dan kepandaian yang dimilikinya).
- "Ana catur mungkur", tegese ora gelam ngrungokake rekasaning liyan kang ora prayoga.(artinya; tidak mau mendengarkan keluh kesah/ gunjingan orang lain yang tidak baik).
- "Angon mangsa", tegese golek wektu kang prayoga utawa golek wektu kang becik.(artinya; menunggu waktu yang tepat atau mencari waktu yang baik).
- "Anak polah bapa kapradhah", tegese wong tuwa nemu pakewuh amarga saka tumindake anak kang kurang prayoga.(artinya; orang tua juga ikut menanggung akibat dari perbuatan anaknya yang tidak baik).
- "Angon ulat ngumbar tangan", tegese ngulat-ulati limpene wong, tujuane arep njupuk barang sing dilimpe mau.(artinya; memperhatikan kelengahan orang, dengan tujuan mengambil/ mencuri barang yang diinginkan).
- "Becik ketitik ala ketara", tegese tumindak becik lan tumindak ala bakal ketara tembe mburine utawa dititeni tembe mburine.(artinya; perbuatan baik dan buruk pasti akan terlihat nantinya).
- "Busuk ketekuk pinter keblinger", tegese wong bodho utawa wong pinter padha nemu rekasa utawa nemu cilaka.(artinya; orang bodoh maupun orang pintar suatu saat akan menemui kesulitan).
- "Cincing-cincing meksa klebus", tegese karepe arep ngirit jebul malah entek akeh.(artinya; maksud hati ingin berhemat/ irit tetapi malah boros).
- "Ciri wanci lelai ginawa mati", tegese pakulinan ala ora bisa ilang nganti tumekaning pati.(artinya; kebiasaan/ watak buruk seseorang tidak akan hilang sampai mati).
- "Criwis cawis", tegese akeh omongane ananging uga mrantasi ing gawe.(artinya; banyak omongnya tetapi juga mampu menyelesaikan pekerjaan dengan benar).
- "Dahwen ati open", tegese wong kang nacat, nanging panacate iku amarga duwe pamrih marang barang sing dicacat mau.(artinya; orang yang mencela/ merendahkan karena memiliki niat/ keinginan untuk memiliki sesuatu yang dicela tersebut).
- "Desa mawa cara negara mawa tata", tegese saben papan utawa dhaerah duwe adat utawa tatacara dhewe-dhewe.(artinya; setiap tempat atau daerah mempunyai adat dan aturan sendiri-sendiri).
- "Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan", tegese sanajan wong liya manawa nandhang ora kepenak dibelani utawa yen mati melu nggetuni.(artinya; meskipun bukan saudara atau orang lain jikalau terkena musibah juga ikut merasakan kesedihan dan penyesalan).
- "Durung pecus keselak besus", tegese durung pinter menyambut gawe, ananging wis kepingin werna-werna utawa wis kepingin rabi.(artinya; belum pandai dalam bekerja, tetapi sudah berkeinginan macam-macam).
- "Entek amek kurang golek", tegese anggone misuh ngunek-unekake sakatoge utawa saenteke.(artinya; memarahi atau mencerca seseorang habis-habisan).
- "Garang-garing", tegese ketoke katon sugih, ananging sajatine rekasa uripe utawa kacingkrangan panguripane.(artinya; kelihatannya kaya raya, tetapi sebenarnya hidupnya menderita atau kekurangan).
- "Gliyak-gliyak tumindak sareh pakoleh", tegese sanajan anggone nindakake sakepenake wusane kaleksanan kanthi becik wusanane.(artinya; meskipun bertindak semaunya sendiri tetapi dapat terlaksana dengan baik dan lancar).
- "Njajah desa milang kori", tegese lelungan adoh tekan ngendi-endi desa, kutha, negara kabeh wis diparani.(artinya; bepergian jauh menjelajahi pelosok negeri semua sudah didatangi).
- "Jalukan ora wewehan", tegese wong senengane njaluk, nanging ora gelem weweh utawa menehi.(artinya; orang yang suka meminta, tetapi tidak mau berbagi atau memberi).
- "Jer basuki mawa beya", tegese samubarang gegayuhan utawa kabeh gegayuhan mbutuhake ragat utawa biaya.(artinya; setiap keinginan atau cita-cita pasti membutuhkan biaya).
- "Njunjung ngentebake", tegese wong senengane ngalem, nanging sajatine ngasorake.(artinya; orang yang suka memuji, tetapi sebenarnya dia merendahkan).
- "Kalah cacak menang cacak", tegese samubarang panggawean kudu dicoba dhisik bisa lan orane.(artinya; pekerjaan apapun perlu dicoba dulu bisa dan tidaknya).
- "Kebat kliwat gancang pincang", tegese tumindak kanthi grusah-grusuh, wusanane ora kebeneran.(artinya; pekerjaan yang dilakukan tergesa-gesa hasilnya tidak akan tepat/ tidak baik).
- "Keplok ora tombok", tegese melu ngrasakake seneng nanging ora melu ragad.(artinya; ikut merasakan kebahagiaan/ kesenangan tetapi tidak mengeluarkan uang).
- "Ketula-tula ketali", tegese wong kang uripe rekasa banget utawa wong kang kesandung sandhung uripe.(artinya; orang yang hidupnya menderita atau terlunta-lunta hidupnya).
- "Kumenthus ora pecus", tegese wong kang umuk utawa sombong ananging ora sembada.(artinya; orang yang berlagak pintar tetapi sebenarnya tidak paham/ tidak bisa apa-apa).
- "Ladak kecangklak", tegese wong kang tansah nukari wong liya wusanane kena akibate dhewe.(artinya; orang yang suka menyakiti/ mengganggu orang lain pada akhirnya akan terkena akibatnya sendiri).
- "Maju tatu mundur ajur", tegese maju utawa mundur kabeh bakal mbebayani utawa nyilakani.(artinya; maju atau mundur semua serba berbahaya).
- "Mbuwang tilas", tegese ethok-ethok ora ngerti tumindak ala sing dilakoni.(artinya; pura-pura tidak tahu perbuatan buruk yang dilakukannya).
- "Mikul dhuwur mendhem jero", tegese anak kang bisa njunjung drajate wong tuwane.(artinya; anak yang bisa menjunjung tinggi derajat orang tuanya).
- "Nabok nyilih tangan", tegese tumindak mulasara wong utawa gawe sengsarane wong sarana kongkonan.(artinya; berbuat buruk/ mencelakai orang dengan menyuruh orang lain).
- "Ngluruk tanpa bala, sugih tanpa bandha, menang tanpa ngasorake", tegese wong kang tansah sugih ngelmu.(artinya; orang yang selalu kaya akan ilmu).
- "Nyolong pethek", tegese mleset saka pangirane utawa mleset saka pametheke.(artinya; meleset dari perkiraan).
- "Pupuran sadurunge benjut", tegese wong kang ngati-ati sadurunge nandhang cilaka.(artinya; orang yang selalu berhati-hati sebelum terkena musibah).
- "Rawe-rawe rantas, malang-malang putung", tegese samubarang kang ngalang-alangi kekarepane bakal disingkirake utawa dibrastha.(artinya; semua hal yang menghalangi keinginannya akan disingkirkan).
- "Rukun agawe santosa crah agawe bubrah", tegese wong utawa negara kang rukun bisa dadi kuwat dene yen cecongkrahan njalari ringkih gampang dijajah.(artinya; kerukunan antar masyarakat akan menjadikan negara itu kuat dan sentausa, namun jika masyarakat bercerai berai akan menjadikan negara itu lemah dan mudah dijajah).
- "Sabaya pati sabaya mukti", tegese wong bebojohan urip rekasa dilakoni wong loro urip mulya uga dilakoni wong loro.(artinya; dalam berumahtangga susah ataupun senang dijalani bersama)
- "Sadumuk bathuk sanyari bumi ditohi pati", tegese wong kang gawe pasulayan marga ngganggu bojone liyan utawa gawe pasulayan marga lemah sapetak bakal dilabuhi nganti mati.(artinya; orang yang membuat masalah karena mengganggu istri orang atau karena perebutan tanah akan dilawan sampai mati).
- "Sepi ing pamrih rame ing gawe", tegese mbantu nyambut gawe mempeng utawa sregep tanpa duwe pamrih apa-apa.(artinya; dengan ikhlas membantu orang lain tanpa mengharap imbalan apa-apa).
- "Sembur-sembur adas, siram-siram bayem", tegese oleh pamujine wong akeh muga-muga kaleksanan gegayuhane.(artinya; mendapat doa restu banyak orang semoga tercapai harapan dan cita-citanya).
- "Sing sapa salah seleh", tegese sapa sing salah wusanane bakal teluk utawa ngakoni.(artinya; siapapun yang berbuat kesalahan suatu saat pasti akan kalah dan mengakuinya juga).
- "Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti", tegese wong ampuh tumindak ala, bakal sirna dening wong kang tumindak becik.(artinya; orang yang melakukan perbuatan buruk meskipun kuat, digdaya, dan berkuasa, pasti akan kalah dengan orang yang berbuat baik).
- "Tega larane ora tega patine", tegese wong kang tego rekasane, nanging ora tega marang patine sarana menehi pitulungan.(artinya; orang yang tega melihat kesusahan orang lain, tetapi tidak tega melihat orang lain mati).
- "Tinggal glanggang colong playu", tegese prajurit kang ninggalake kasatriyane sarana ninggalake ing peperangan.(artinya; prajuri yang meninggalkan kehormatannya dengan lari dari medan perang).
- "Tut wuri handayani", tegese wong tuwa utawa guru kang nyekarep marang pepinginane wong enom kang luhur, sarana ngulat-ulatake lan aweh prayoga saperlune.(artinya; dari belakang seorang guru harus dapat memberikan dorongan dan arahan).
- "Nulung menthung", tegese wong katone mitulungi, nanging sajatine gawe rekasane wong sing ditulungi.(artinya; orang yang memberikan pertolongan, tetapi sebenarnya malah memberikan beban kepada orang yang ditolong).
- "Tuna satak bathi sanak", tegese wong kang rugi satus, nanging bathi paseduluran.(artinya; orang yang rugi harta/ uang, tetapi untung semakin dekat dengan saudara/ erat persaudaraannya/ mendapat saudara).
- "Tunggal welat", tegese sedulur tunggal bapa biyunge.(artinya; saudara kandung atau saudara dekat).
- "Ulat madhep ati karep", tegese kekarepane lahir batine wis mantep banget.(artinya; keinginan lahir batinnya sudah mantab dan yakin).
- "Undhaking pawarta sudaning kiriman", tegese pawarta utawa kabar iku beda karo kasunyatane.(artinya; kabar atau berita yang diterima berbeda dengan kenyataan sebenarnya).
- "Welas tanpa lalis", tegese karepe ngeman, ananging malah gawe kapitunan.(artinya; niat menolong berderma tetapi malah jadi sengsara/ rugi sendiri).
- "Wiwit kuncung nganti gelung", tegese wiwit bucah nganti tuwo.(artinya; mulai muda sampai tua).
- "Yitna yuwana lena kena", tegese wong sing ngatia-ati bakal slamet, nanging wong sing sembrana bakal nemu cilaka.(artinya; orang yang berhati-hati pasti selamat, dan orang yang ceroboh akan celaka).
2. Pepatah Jawa Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar (kiasan) lan ngemu surasa pepindhan. Sing pindhakake iku sipate wonge (terjemahan; Bebasan (Jawa) yaitu kata-kata (dalam bahasan Jawa) yang tetap dalam penggunaannya, yang memiliki makna kiasan dan mengandung makna pengandaian. Dimana yang diandaikan tersebut yaitu sifat, watak, maupun keadaan se